GESAH DUNYANE
KEWAN *)
Oleh
ALFIAN HELMI **)
Miturut
yane, disamping bisa ndeleng kauripan macem-maceme kewan lan sipat karaktere, uga bisa dienggo ngangsu kaweruh
merga akeh pengetahuane hang manpaat.
“Dadi, sing kathik repot-repot ngetokaken picis dienggo tuku buku bab perkara kauripane kewan”,
jare kang Suk ngawiti obrolane.
“Angger gelem betah melek nang ngarepe TV, wis bisa ndeleng suguhan hang apik, masia tah kadang-kadang bisa gawe awak merinding”.
“Macan hang bengis, nyrageb ngeleg mangsane”, kang Suk nerusaken
ceritane.
“Bajul hang kesit mbanting kewan hang mula dadi panganane, manuk elang
hang menceleng mendhelik nyengkerem mangsane, ula hang nelingkung mbelelet
panganane, gajah, jaran, manuk, asu,
babi, celeng uga munthung hang ubeg rebutan badhogan. Pokoke tumplek blek dadi siji!”.
“Koq dungaren rika dhemen
ndeleng Dunia Binatang kang, biasane kadhung wis ngurusi meubel lali
sekabehane?" jare Kacung hang katon rada lesuh.
“Jeh!, manggane sira thok lek hang ulih demen deleng acara Dunia Binatang?”
jawabe kang Suk lathus.
“Iku wis
naluri ya Cung!” Sing tuwek sing enom, gede cilik, lemu gering, sugih melarat, pejabat
utawa rakyat biasa, padha dhemen ndeleng acara Dunia Binatang. Aja maning tontonan
kaya gegigu, cerita-cerita fabelia hang
diolah dadi komik, majalah, koran lan pilem
kartun bain akeh hang demen koq, yara
iya?”, kang Suk ngeyakinaken Kacung.
“Dhasare paran kang?” ganti
Dayat hang takon.
“Dhasare?, ya sing kathik dhasare lek, pokoke demen, mari wis!, hua ha ha ha… he he
he… “
“Hus…, gemuyu sing diatur!”.
“Ngopio sulung tah, buru gemuyua sang tuwuk”, saut Andon ulihe temenanan nggatekaken wong
gesah.
“Gedigi ya Cung”, kang
Nayip nyela, ambi lagake kaya wong eh.
Toto lan Suprit hang sakat mau memengan sekak, mangkat milu-milu ngerungokaken wong gesah.
“Menungsa iku mula raket nyang kauripane kewan Cung”, kang Nayip
nerusaken omongane.
“Masia menungsa ngenali nyang aran jin lan malaikat, tapi
kerana kahanane makhluk Allah keloro-lorone iku bab hang ghaib, mula sing salah
kadung manungsa lebih rumangsa parek lan raket nyang kauripane kewan”.
“Alesane paran kang Nayip?”, jare Kacung hang mangkat radha melek.
“Masa kathik alesan Cung!, wis mula nyatane gedigu sing bisa mungkir”
jawab kang Nayip ambi mbecikaken kethune.
“Akrabe
manungsa dudu kerana kewan dibutuhaken daginge thok, utawa dimanpaataken
tenagane thok. Rungokena tah kadhung ana
wong misuh-misuh, sing luput ya butuh nang aran-arane kewan, kaya asu, celeng,
babi lan sakpiturute iya tah using?”.
“Conto maning Cung”, kang Nayip nerusaken omonge.
“Kira-kira sapa hang ngawiti nguweni aran nyang panganan
utawa jajan nganggo arane kewan?, kaya jajan
perut
ayam, telor mata sapi, konthol kambing”.
“Ha ha ha ….”, kanca-kanca ngagetaket gemuyu krungu gesahe
kang Nayip.
“Magih
ana conto maning tah kang?” jare Bagong ambi nyruput kopi anget.
“Magih,
magih Gong, iki mula durung kabeh Gong!”, ambi ngusapi lambene hang ngemil kacang
goreng, kang Nayip nerusaken.
“Awake
dhewek iki seru pintere kadhung njuluki paran-paran, Semono uga sing bisa luput
nyang aran-arane kewan, yara iya Gong?”
“Kumpul
tanpa nikah diarani kumpul kebo, Nganaki picis diarani lintah darat, wong hang
isinan dijuluki isin-isin kucing, wong hang bengis tapi gayane kalem dijuluki srigala berbulu domba, koruptor
diarani tikus kantor, peningal
rada kurang awas diarani rabun ayam, munapik dijuluki bunglon,
senuk diarani kupu-kupu malam, wong lanang hang lamis dijuluki bajul
darat utawa kucing garong, wong
hang dhemen maca diarani kutu
buku, wong hang ngamuk lali
diarani kaya banteng ketaton”.
“Ana
maning, issue, gossip, diarani kabar
burung, tukang pitnah dijuluki adu
domba, wong hang megawene anut grubyug, diarani anget-anget tahi pithik, dhemen
nggoleti salahe uwong diarani nggoleti kambing hitam. Aja lali, cemeng-cemeng hang
nempel ring pipi, awak, utawa kelambi iku arane tahi laler”.
“Iki
durung kabeh Gong!”
“Ya
ya ya”, Bagong manthuk-manthuk.
“Magih
ana maning, Tenaga kuda, akal bulus, malah nalika sikil gringgingen, uwong ngarani kesemutan”.
“Lah… iki, iki
buktine gok menungsa iku parek nang
kauripane kewan. Dadi mula wis
gawane”.
“Kadhung
dideleng teka pandangan agma klendi kang?”, ganti Dumpal hang takon.
“ya
bisa bain Dum!, maksud pena aspek religiuse tah?
“Ya
bener, bener!”, Dumpal negesi.
“Sira weruh, Gusti Allah ndeleh aran-arane
kewan nyang sebagian surat-surat Al-qur’an?”.
“Delengen,
wacanen tah, nang njero al-Qur’an!, surat al-Baqarah iku artine sapi wadon,
al-An’am iku artine raja kaya utawa Binatang Ternak, an-Nahl artine tawon, An-Naml artine semut,
al-‘Ankabut artine kala mangga, al-‘Adiyat
artinya jaran, lan al-Fil iku artine gajah”.
“Aju
paran maksude Gusti Allah ngandoh aran-aran kewan iku kang?” Dumpal nerusaken
pitakonane.
“Wallahu a’lam, isun sing weruh, mung
Gusti Allah Sang Maha Ngerteni!”, jawab kang
Nayip ambi ngangkat pundake.
“Awake
dewek mung kudu yakin gok mesti ana hikmah lan masude nang sekabehe ciptaane Gusti
Allah. Awak dhewek durung gaduk ulihe mahami keagunganNe.
“Cek
cek cek…, sing nyana ya kang gok kewan iku hebat?” Kacung ngecek lan gumun.
“Sulung
tah lek! Masa bisa gedigu, hebat hang kaya kelendi?” Kang Nayip mbantah.
“Menungsa
iku Ahsani
takwiim, sakapik-apike makhluk Gusti Allah. Nama surat-surat Al-qur’an hang
nganggo aran menungsa lan ngerembug bab kamenungsan uga akeh, malah menungsa iku “lakon”
uga hang ngelakoni sekabehe amanat Gusti Allah Sang Maha Agung. Kewan lan
makhluk Allah liyane mung kanggo kebutuhane sang khalifah hang aran menungsa iku”.
“Menungsa diuweni akal sehat lan ati nurani,
supaya menungsa duwe adab lan bisa uri-uri
kabudayan hang apik. Makarya nang bidang ilmu pengetahuan lan teknologi, hang sing
kira bisa dilakoni kewan endi bain”.
“Naming,
apa bisa digugu, gok kerana akal lan atine manusia bisa luwih apik tinimbang kewan?”
Kacung nerocos takon.
“Yah…,
iku paran jare menungsane Cung”, jare kang Nayip ambi nyerod udude.
“Nyatane, Gusti Allah sing kurang-kurang ulihe
ngilingaken menungsa hang kailangan ati lan
akal sehate nganggo tamsil sipat-sipate kewan”.
“Bek…
ngelu sun kang!, kanca-kanca mangkat sambatan.
“Gusti
Allah nggawe tamsil lan ibarat kanggo menungsa hang ndhasari uripe nyang
selaine Gusti Allah; Kamatsalil “ankabuuti, ittakhadzat baitan, kaya
kala mangga hang nggawe umah, tepu
lan gampang ancur”.
“Gusti
Allah uga wis
nguweni piduduh dalan hang lempeng, dalan kaapikan gena bisa dadi pedomane urip,
naming manungsa masabuduha, sing nggatekaken. Tamsile menungsa hang kaya iki; Kamatsalil khimari yahmilu asfara, kaya
khimar (jaran cilik) hang nyuwun kitab, ngalor ngidul sing karuan juntrunge”.
“Gusti
Allah uga nggawe tamsil kanggo menungsa
hang sing gelem berubah watekke, masia sing pisan pindo diengetaken;
Famatsaluhu kamatsalil kalbi, in tahmil
alaihi yalhats, au tatrukhu yalhats” kaya asu, dicegah melet ilate, digeningaken
ya melet ilate”.
“Pungkasane,
nalika manungsa wis
sing nganggo akal sehate lan ati nuranine, Gusti Allah nyatakaken; kal an’am, bal hum adhallu” kaya kewan, malah tambah bengok!
“Bek…
tambah ngelu sun kang!, kanca-kanca sambat.
“Lah…
kadung acara TV kaya Sergap, Sidik, Kupas Tuntas , Buser, TKP iku kelendi kang?”,
jare Bowo ambi nggeser lungguhe.
“Woh…,
ya iku hang sakat mau digesahaken kanca-kanca Wo!”, jawab kang Nayip ambi mbuang kebule udut.
“Iku
conto nyata kelakuan manungsa hang sing kathik ati lan akal sehat, hang ditamsilaken nang njero Qur’an mau Wo!”
“Bayangna
tah!, wong tega mateni rabine padahal hang wadon magih ngandut, lanang wadon ngelakoni
kumpul kebo mati nang njerone montor,
anak mateni bapak, wong wadon mati njekathang nang kamar hotel,
embah mateni putu, awake dicacah-cacah, wong wadon mbuang anak hang magih
cindhil, ngerampok , ngapusi, mbantai, perang sak antarane suku, perang sak antarane
kampung, bapak “ngeloni” anake sampek ngandut, gedigu terus kaya nana entek-enteke
”.
“Turna,
sak
galak-galake macan sing kira mangan anake dewek, nyatane manungsa sanggup ngelakoni
lelakon kaya iku”.
“Na’udzu billahi min dzalik...”, suarane
kaca-kanca nimpali.
“Umpama
Usul bisa tah using kang?” jare Parid.
“Usul
kelendi lek?” kang Nayip ambi ngira-ngira pikirane.
“Diusulaken
supaya acara TV kaya Sergap, Sidik,
Kupas Tuntas, Buser, TKP lan
liyan-liyane iku, diganti arane dadi “Dunia Binatang Part Two”.
“Bek,
kadung hang iku usulna nyang Departemen Hukum lan HAM bain lek! utawa nyang Departemen
liyane, pokoke aja nyang isun, iku dudu maqam
isun lek!”
“Hang
penting, isun, pena, kudu waspada, tangar,
tetep istiqamah njaga hang aran ati lan akal sehat, makne sing
kejungkel kelebu manungsa hang ala “Asfala
saafiliin” martabat hang ala”.
“Hey…,
tutup, tutup, tutup, muliya wis!
Mara-mara mbak Komariyah ngagetaken.
“Iya
mbak, mula arep mulih lare-lare iki!”.
“ayo wis
mulih, ngantuk!”, Kang Nayip ngadhek ambi rada serempodhan.
Kang Su, kang
Nayip, kang Bagong, Kacung, lan kanca-kanca liyane njenggirat teka kursi padha
bubar.
Isun mulih ambi
rengeng-rengeng nembang lagu ciptaane kang Endro Wilis;
“……………………………..
Sapa
hang menang kang jaya jeh
Mapan
kuasa dadi wong mulya
Eman
ya yong yong kelayung jeh
Kembang
kecubung lali nyang asale
Manuk
jalak ambi menungsa
Duwur
hang endi derajate
Apua
gok seneng jalake
Merga
menungsa kakehan dosa”
*) Tulisan
dalam Edisi Bahasa Indonesia, sudah dimuat di Majalah MIMBAR Departemen
Agama Propinsi Jawa Timur Terbitan
bulan Juni 2009
**) Penulis adalah :
- Staf Pengajar SMP Negeri 4
Wongsorejo Satu Atap
-
Staf Pengajar SMK Muhammadiyah 6 Rogojampi – Banyuwangi
-
Anggota PDM Banyuwangi Lembaga Seni dan Budaya periode 2005 - 2010
- Pimpinan Group Musik ROLAS Rogojampi -
Banyuwangi