Senin, 05 Maret 2012

GESAH DUNYANE KEWAN


GESAH DUNYANE  KEWAN *)
                                                         Oleh  ALFIAN HELMI **) 



Kang Suk “anggota tetep”  warung mburi umah, papan isun gesah ngelumpuk lan cangkrukan, duwe hobbi utawa kesenengan ndeleng acara “Dunia Binatang”, “Flora lan Fauna” hang ditayangaken nang salah sijine stasiun TV. Hobbi liyane, demen nyeritakaken paran hang mari dideleng nyang kanca-kancane, biasane terus dienggo bahan obrolan  utowo gesah sampek dalu nang warung kopi mbak Komariyah.  
Miturut yane, disamping bisa ndeleng kauripan macem-maceme kewan  lan sipat  karaktere, uga bisa dienggo ngangsu kaweruh merga akeh pengetahuane hang manpaat.

“Dadi,  sing  kathik repot-repot ngetokaken picis  dienggo tuku buku bab perkara kauripane kewan”, jare kang Suk ngawiti obrolane.
 “Angger gelem betah melek nang ngarepe TV, wis bisa  ndeleng suguhan hang apik, masia tah  kadang-kadang bisa gawe awak merinding”.
“Macan hang bengis, nyrageb ngeleg mangsane”, kang Suk nerusaken ceritane.
“Bajul hang kesit mbanting kewan hang mula dadi panganane, manuk elang hang menceleng mendhelik nyengkerem mangsane, ula hang nelingkung mbelelet panganane,  gajah, jaran, manuk, asu, babi, celeng uga munthung hang ubeg rebutan  badhogan. Pokoke tumplek blek dadi siji!”.

Koq dungaren rika dhemen ndeleng Dunia Binatang kang, biasane kadhung wis ngurusi meubel lali sekabehane?" jare Kacung hang katon rada lesuh.
 “Jeh!, manggane sira thok lek hang ulih demen deleng acara Dunia Binatang?”  jawabe kang Suk lathus.
“Iku wis naluri ya Cung!” Sing tuwek sing enom, gede cilik, lemu gering, sugih melarat, pejabat utawa rakyat biasa, padha dhemen ndeleng acara Dunia Binatang. Aja maning tontonan kaya gegigu, cerita-cerita  fabelia hang diolah dadi  komik, majalah, koran lan pilem kartun bain akeh hang demen koq, yara iya?”,  kang Suk ngeyakinaken Kacung.
“Dhasare paran kang?”  ganti Dayat hang takon.
“Dhasare?, ya sing kathik dhasare lek,  pokoke demen, mari wis!, hua ha ha ha… he he he…
“Hus…, gemuyu sing diatur!”.
“Ngopio sulung tah, buru gemuyua sang tuwuk”,  saut Andon ulihe temenanan nggatekaken wong gesah.

“Gedigi ya Cung”, kang Nayip nyela, ambi lagake kaya wong eh.
Toto lan Suprit hang sakat mau memengan sekak,  mangkat milu-milu ngerungokaken wong gesah.

“Menungsa iku mula raket nyang kauripane kewan Cung”, kang Nayip nerusaken omongane.
  “Masia menungsa  ngenali nyang aran jin lan malaikat, tapi kerana kahanane makhluk Allah keloro-lorone iku bab hang ghaib, mula sing salah kadung manungsa lebih rumangsa parek lan raket nyang kauripane kewan”.
“Alesane paran kang Nayip?”, jare Kacung hang mangkat radha melek.
 “Masa kathik alesan Cung!, wis mula nyatane gedigu sing bisa mungkir” jawab kang  Nayip ambi mbecikaken kethune.
“Akrabe manungsa dudu kerana kewan dibutuhaken daginge thok, utawa dimanpaataken tenagane thok. Rungokena  tah kadhung ana wong misuh-misuh, sing luput ya butuh nang aran-arane kewan, kaya asu, celeng, babi lan sakpiturute iya tah using?”.
 “Conto maning Cung”,  kang Nayip nerusaken omonge.
“Kira-kira sapa hang ngawiti nguweni aran nyang panganan utawa  jajan nganggo arane kewan?, kaya jajan perut ayam, telor mata sapi, konthol kambing”.
Ha ha ha ….”,  kanca-kanca ngagetaket gemuyu krungu gesahe kang Nayip.

“Magih ana conto maning tah kang?” jare Bagong ambi nyruput kopi anget.
“Magih, magih Gong, iki mula durung kabeh Gong!”,  ambi ngusapi lambene hang ngemil kacang goreng, kang Nayip nerusaken.
“Awake dhewek iki seru pintere kadhung njuluki paran-paran, Semono uga sing bisa luput nyang aran-arane kewan, yara iya Gong?”
“Kumpul tanpa nikah diarani kumpul kebo, Nganaki picis diarani lintah darat, wong hang isinan dijuluki isin-isin kucing, wong hang bengis tapi gayane kalem  dijuluki srigala berbulu domba, koruptor diarani  tikus kantor, peningal rada kurang awas diarani rabun ayam, munapik dijuluki bunglon, senuk diarani kupu-kupu malam, wong lanang hang lamis dijuluki bajul darat utawa kucing garong, wong hang dhemen maca diarani  kutu buku, wong hang ngamuk lali  diarani kaya banteng ketaton”.
“Ana maning,  issue, gossip, diarani kabar burung, tukang pitnah dijuluki  adu domba, wong hang megawene anut grubyug, diarani  anget-anget tahi pithik, dhemen nggoleti salahe uwong diarani nggoleti kambing hitam.  Aja lali, cemeng-cemeng hang nempel ring pipi, awak, utawa kelambi iku arane tahi laler”.
“Iki durung kabeh Gong!”
“Ya ya ya”, Bagong manthuk-manthuk.
“Magih ana maning, Tenaga kuda, akal bulus, malah nalika sikil gringgingen, uwong ngarani kesemutan”.
 “Lah… iki,    iki buktine gok menungsa iku parek nang  kauripane kewan. Dadi mula wis gawane”.

“Kadhung dideleng teka pandangan agma klendi kang?”, ganti Dumpal hang takon.
“ya bisa bain Dum!, maksud pena aspek religiuse tah?
“Ya bener, bener!”, Dumpal negesi.
 “Sira weruh, Gusti Allah ndeleh aran-arane kewan nyang sebagian   surat-surat Al-qur’an?”.
“Delengen, wacanen tah, nang njero al-Qur’an!, surat al-Baqarah iku artine sapi wadon, al-An’am iku artine raja kaya utawa Binatang Ternak, an-Nahl artine tawon, An-Naml artine semut, al-‘Ankabut artine kala mangga, al-‘Adiyat  artinya jaran, lan al-Fil iku artine gajah”.
“Aju paran maksude Gusti Allah ngandoh aran-aran kewan iku kang?” Dumpal nerusaken pitakonane.
Wallahu a’lam, isun sing weruh, mung Gusti Allah Sang Maha Ngerteni!”,  jawab kang Nayip ambi  ngangkat pundake.
“Awake dewek mung kudu yakin gok mesti ana hikmah lan masude nang sekabehe ciptaane Gusti Allah. Awak dhewek durung gaduk ulihe mahami keagunganNe.

“Cek cek cek…, sing nyana ya kang gok kewan iku hebat?” Kacung ngecek lan gumun.
“Sulung tah lek! Masa bisa gedigu, hebat hang kaya kelendi?” Kang  Nayip mbantah.
“Menungsa iku Ahsani takwiim, sakapik-apike makhluk Gusti Allah. Nama surat-surat Al-qur’an hang nganggo aran menungsa lan ngerembug bab  kamenungsan uga akeh, malah menungsa iku “lakon” uga hang ngelakoni sekabehe amanat Gusti Allah Sang Maha Agung. Kewan lan makhluk Allah liyane mung kanggo kebutuhane  sang khalifah hang aran menungsa iku”.
 “Menungsa diuweni akal sehat lan ati nurani, supaya menungsa duwe adab lan bisa  uri-uri kabudayan hang apik. Makarya nang bidang ilmu pengetahuan lan teknologi, hang sing kira bisa dilakoni kewan endi bain”.
“Naming, apa bisa digugu, gok kerana akal lan atine  manusia bisa luwih apik tinimbang kewan?” Kacung nerocos takon.
“Yah…, iku paran jare menungsane Cung”, jare kang Nayip ambi nyerod udude.
 “Nyatane, Gusti Allah sing kurang-kurang ulihe ngilingaken menungsa hang kailangan ati  lan akal sehate nganggo tamsil sipat-sipate kewan”.
“Bek… ngelu sun kang!, kanca-kanca mangkat sambatan.
“Gusti Allah nggawe tamsil lan ibarat kanggo menungsa hang ndhasari uripe nyang selaine Gusti Allah; Kamatsalil “ankabuuti, ittakhadzat baitan, kaya kala mangga hang nggawe umah, tepu lan gampang ancur”.
“Gusti Allah uga wis nguweni piduduh dalan hang lempeng, dalan kaapikan gena bisa dadi pedomane urip, naming manungsa masabuduha, sing nggatekaken. Tamsile menungsa hang kaya iki;  Kamatsalil khimari yahmilu asfara, kaya khimar (jaran cilik) hang nyuwun  kitab, ngalor ngidul sing karuan juntrunge”.
“Gusti Allah uga nggawe tamsil kanggo menungsa  hang sing gelem berubah watekke, masia sing pisan pindo diengetaken;  Famatsaluhu kamatsalil kalbi, in tahmil alaihi yalhats, au tatrukhu yalhats” kaya asu, dicegah melet ilate, digeningaken ya melet ilate”.
“Pungkasane, nalika manungsa wis sing nganggo akal sehate lan ati nuranine, Gusti  Allah nyatakaken; kal an’am,  bal hum adhallu kaya kewan,  malah tambah bengok!
“Bek… tambah ngelu sun kang!, kanca-kanca sambat.

“Lah… kadung acara TV kaya Sergap, Sidik, Kupas Tuntas , Buser, TKP iku kelendi kang?”, jare Bowo ambi nggeser lungguhe.
“Woh…, ya iku hang sakat mau digesahaken kanca-kanca  Wo!”, jawab kang Nayip ambi mbuang kebule udut.
“Iku conto nyata kelakuan manungsa hang sing kathik ati lan akal sehat,  hang ditamsilaken nang njero Qur’an mau Wo!”
“Bayangna tah!, wong tega mateni rabine padahal hang wadon magih ngandut, lanang wadon ngelakoni kumpul kebo mati nang njerone montor, anak mateni bapak, wong wadon mati njekathang nang  kamar hotel,  embah mateni putu, awake dicacah-cacah, wong wadon mbuang anak hang magih cindhil, ngerampok , ngapusi, mbantai, perang sak antarane suku, perang sak antarane kampung, bapak “ngeloni” anake sampek ngandut, gedigu terus kaya nana entek-enteke ”.
“Turna,  sak galak-galake macan sing kira mangan anake dewek, nyatane manungsa sanggup ngelakoni lelakon kaya iku”.
Na’udzu billahi min dzalik...”, suarane kaca-kanca nimpali.

“Umpama Usul bisa tah using kang?” jare Parid.
“Usul kelendi lek?” kang Nayip ambi ngira-ngira pikirane.
“Diusulaken  supaya acara TV kaya Sergap, Sidik, Kupas Tuntas, Buser,  TKP lan liyan-liyane iku, diganti arane dadi “Dunia Binatang Part Two”.
“Bek, kadung hang iku usulna nyang Departemen Hukum lan HAM bain lek! utawa nyang Departemen liyane, pokoke aja nyang isun, iku dudu maqam isun lek!”
“Hang penting, isun, pena, kudu waspada, tangar,  tetep istiqamah njaga hang aran ati lan akal sehat, makne sing kejungkel  kelebu manungsa hang ala “Asfala saafiliin” martabat hang ala”.

“Hey…, tutup, tutup, tutup, muliya wis! Mara-mara mbak Komariyah ngagetaken.
“Iya mbak, mula arep mulih lare-lare iki!”.
 “ayo wis mulih, ngantuk!”, Kang Nayip ngadhek ambi rada serempodhan.

Kang Su, kang Nayip, kang Bagong, Kacung, lan kanca-kanca liyane njenggirat teka kursi padha bubar.


Isun mulih ambi rengeng-rengeng nembang lagu ciptaane kang Endro Wilis;



“……………………………..
Sapa hang menang kang jaya jeh
Mapan kuasa dadi wong mulya
Eman ya yong yong kelayung jeh
Kembang kecubung lali nyang asale

Manuk jalak ambi menungsa
Duwur hang endi derajate
Apua gok seneng jalake
Merga menungsa kakehan dosa”



*) Tulisan dalam Edisi Bahasa Indonesia, sudah dimuat di Majalah MIMBAR Departemen Agama Propinsi Jawa Timur  Terbitan bulan Juni 2009

**) Penulis  adalah :
- Staf Pengajar SMP Negeri 4 Wongsorejo Satu Atap
- Staf Pengajar SMK Muhammadiyah 6 Rogojampi – Banyuwangi
- Anggota PDM Banyuwangi Lembaga Seni dan Budaya periode 2005 - 2010
     - Pimpinan Group Musik ROLAS Rogojampi - Banyuwangi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar